作词 : Dhalang Poer 作曲 : Dhalang Poer are Koran, karepe pamong Pasar rakyat arep digawe gedong Lha carane yen bakul-bakul mokong Dumen bubar, pasar diobong Alesane kabel listrike gosong Bakul-bakul mung plenggang plenggong Barang ludes dilalap geni Ora ono sing ganti rugi Kae pasare kobong Jare ono sing ngobong Ndoro pamong lenggah kursi udud siong Pasar rakyat wis kelakon dadi gedong Pasar anyar jeneng swalayan Lha sewane larang ra eram Bakul kapekso dodo ing pinggir ndalan Cilakane pamong wis cepak gusuran