作词 : Jagad Pramudya 作曲 : Jagad Pramudya Tak tulis tetembangan layu pilu. Minongko dadi gegambaring kalbu. Wong bagus rungokno tangis ku. Balio dadi sisihanku Janjane biyen sopo sing miwiti. Wekasan amung teko balenjani. Ning datan keno di tuturi Pancen ra biso nyawiji Lungo’o tak trimo Nadyan jro batinku nelongso Mugo-mugo ndiko Manggih urip bagyo mulyo Mung biso nyangoni Pandongo tulusing ati. Mergo tresno kuwi Ra kudu biso nduweni Wis cukup anggonku Lelabuh tresno mring sliramu Kalamun kedlarung Malah angrusak nalarku Wong bagus lilaku Mergo atiku remuk rempu Ora mergo wis jemu