作词 : Fadjar 作曲 : Fadjar Dasar ora nepak awak [kartisem] Eling umur wis sewidak [punjule nenem] Esuk sore tindak, nggawani lipen karo wedhak Nggo pranti moles awak Limbeyane nyempal blarak [kartisem] Goli mlaku pating kradhak [ora teyeng kalem] Liwat ngarep koplak, menyak kulit gedhang keplarak Mekrosak nibani cikrak Reff: Nek atos aja diklethak [ninine] Wis tuwa aja kemlithak, Kegedhen empyak kurang cagak Eling marang sanak, sedulur, putu lan anak Aja kakehan sing dicandhak Mlebu ngguwa gramak-gramak [ninine] Tambah tuwa tambah ladak Goli polah kaya wong pencak Dhela-dhela njimprak, banjuran ngguyu nyekakak Karo merem ndangak-ndangak Esuk-esuk kayong gipyak [kartisem] Diundang ora gelem nylingak [apa maning mesem] Nganggo sandal bakyak,onine pathing kemlothak Kepadhuk ngrungkebi becak reff: